Kaosku Podho karo Pengemis

by -791 Views
Yuk Viralkan

Kaos Reog Ponorogo

JOGJAPOST –  Wulan wingi aku sinau basa landa ne Jawa Timur. Telung sasi suwene aku sinau, tor yo reti dewe, sinaune ra bener. Gaweane mung mangan, turu, mangan turu lan dolan-dolan bareng kanca.

Nek kesel sinau yo mung teturon, pisan-pisan gawe wedangan lan gorengan. Rasane koyo wes ne suargo.

Lha ngongak hp ndelengi poto-poto kok dadi kangen omah. Opo maneh kangen ro wong tuo. Rasah dipikir aku langsung nyiapke tas, buka dompet sajake kenek ngggo ngebis muleh.

Esuk-esuk kae aku tangi ruput. Kluruke pithik takdipiki gandeng aku arep muleh. Esuk-esuk aku y owes adus, minyak wangi ralali lan nganggo jam tangan kesayangan.

Metu aku pamitan kaliyan ibu kos. Ibu kos yo mung mesem karo wenehi salam ati-ati lan salam kanggo keluarga. Aku yo mung tak bales mesem lan pamitan ngucup tangan.

Kaosku Podho

Aku metu kanthi ati-ati. Panas temen dino iki. Batinku ngoceh rakaruan.

Sajake kepenak nek mampir warung tuku Aqua sek wes ne njero kulkas. Halah, paling yo mung limang ewu susuk. Sakplokke tekan warung, aku krungu suara seng ra biasa tak rungoke.

Kaget ra ketulung aku, jebul pengemis sek kaose podho ro aku. Kaos lorek abang putih khas Reog Ponorogo.

Aku dadi salah tingkah. Meh pie maneh, pikiranku dadi kebak prasangka-prasangka seg marakke aku dadi ra kepasan (basa Inggrise negative thinking).

Aku mikir ojo-ojo aku aku dikira anggotane pengemis kui mau, ojo-ojo aku tuku ne warung iki dikiro ra duwe duit lan sakpiturute.

Tak wanekke ngongak njobo, pengemise mau yo reti aku nek kaose podho. Ne ati aku mung arep ngguyu tor raiso soale aku dewe salah tingkah.

Lah tambah tak wanekke, aku nguwaske wong sek pengemis mau. Sajake mlakune luweh dicepetke tinimbang biasane.

Welah jan, ne njero ati aku mung bisa mbatin; “Sek isin ki kudune aku pho deke?”

#Tor sakjane aku biasa-biasa kmawon


Yuk Viralkan

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *