Mbanggula Tahun 95-an

by -779 Views
Yuk Viralkan

Tahun 95-an umurku 3 tahun. Soboku mung tunggu bok ngenteni simbah sing apike rangadubilah.

Mlakune jejeg, madep marep, sikile lurus ket awak mustakane. Topine sing apik koyo koboi seng ne sinetron-sinetron. Ora lali, kacamata irenge tansah diagem.

Jase sek rapi bar setlikanan, jan ora eneng tlekuane babar blas. Jam tangan lan kathok lipatan sek katon rapi banget pancen penak disawang. Sandale model Jawa kuno werno kuning tuo nambahi serasine tiyang iku.

Kulite seng kuning putih, banjur tongkate seng coklat mulus dowi, tambah ali-aline seng katon mecotot ngelingake ksatria ingkang sekti.

Iyo, simbah kui kayake wes umur 80-an, tur sehat banget. Saben dinane mubeng ndeso termasuk ndesaku Payaman.

Saben jam sepuluh esuk teng, aku ro adiku sangu pit nunggu simbah mau. Tak delok, nek wes jam sepuluh tet, mesti simbah mau rawuh saking sakadohane pandelengku.

Bener…. Jam sepuluh deweke liwat. Koyo biasane, simbah mau menehi aku ro adiku mbanggulo siji. Ratau loro, opo maneh telu. Tur….

Mbanggula siji jaman biyen koyo dikei mobil siji. Tak emut rasane ra ilang-ilang.

Simbah mau njur kondho, “Cah bagus, cah pinter, mugo sok dadi uwong”.

Aku rapeduli karo ature, sek tak tunggu mung mbanggulane sek enak, kadang rasa jahe, kadang sugus. Mbuh saiki eneng ora.

Saben dino jam sepuluh, gaweanku yo mung ne ngebok, ngenteni mbah seng senengane ngekei mbanggula. Mben liwat yo mung koyo biasane, “Cah bagus, cah pinter, mugo sok dadi uwong”.

Bar kui, biasane lanjut mlaku madep ngarep lan ngejokke tongkate.

Mlaku setahun, aku iseh nunggu simbahe. Tur, jam sepuluh kui ora eneng sing lewat. Aku keciwo lan bingung kok ora saben adate mbah wingi teko.

Dino saklanjute, aku iseh nunggu simbahe, tur kok yo rateko yo. .. Atiku wes rakarep nunggu maneh, mbok menawa mbah mau wes ra mubeng ndesoku.

Aku mung iso sedih, kok yo wes ra liwat…

Nganti seprene, sek tak getuni mung siji, aku durung sempat tanglet asmane mbah wau sinten….


Yuk Viralkan

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *