Rasah Aeng-aeng, Rasah Kakean Petingsing

by -1364 Views
Yuk Viralkan

Rasah Aeng-aeng, Rasah Kakean Petingsing
unsplash.com

Uwes…. Uwes le….. lereni…..

Uwes anggonmu kerah, uwes anggonmu nesu, uwes anggonmu sirik, uwes anggonmu nggedebus, uwes anggonmu aleman, uwes anggonmu gumudhe, uwes, uwes, uwes diuwisi; uwisono…!

Lerenono cah anggonmu aeng-eng, ojo tok ubah-ubah. Nek wes patang rokaat yo uwes, ojo mbok tambah ojo mbok sudo. Kuwi kabeh saking Gusti.

Uwes cah, uwes… ojo tok neko-neko. Ojo ngaku-ngaku dadi nabi, ojo ngaku-ngaku entuk wahyu. Ket biyen sek jenenge nabi terakhir yo nggeh namung Kanjeng Nabi Muhammad Saw.

Uwes cah, uwes… lerenono…

Sek jenenge korupsi kuwi nengdi-nengdi doso. Ojo mbok parani, ojo tok niati, ojo mbok lakoni. Mbuh tingkat dewe-dewe, RT, kecamatan, lurah, mentri ket presiden kabeh doso nek korupsi.

Mbuh korupsi cilik, mbuh gedhe, mbuh sedengan, mbuh rodhok cilik rodhok gedhe kabeh doso….

Uwes… diuwisi….

Sek jenenge bom bunuh diri kui ra apek. Ket biyen nganti ket saiki Gusti ora seneng. Ojo’o bom bunuh diri, nglarani atine tangga/kanca wae raoleh. Duh le… lerenono…. Urip ki yo mung nunggu tekaning pati, rasah susah-susah nggawe bom bunuh diri.

Uwes cah… uwes le…. Lereni cangkemanmu ne koran, tipi, mbuh nengdi wae. Uwes…. Ojo nggawe ngepusi. Ilmumu ojo mbok salah gunakke mung karono golek upo. Uwes…

Diuwisi maksiate, dilereni…

Maksiat opo wae ora mung sek nglakoni sek keno dampake, tur kabeh uwong sak negoro kabeh keno sengsarane. Uwes duh…. Ojo mbok terusne…. Ora ono sek tego nyawang wong sek koyo ngono kuwi.

Uwes… ojo mbok arani wong-wog cilik nelangsa, wong-wong cilik mung ngerasa mesakkake nek ono uwong kok gaweane mung MOLIMO wae. Uwes…. Urip kui mung sakdermo, diuwisi sek elek-elek.

Urip rasah aeng-aeng, rasah kakean petingsing. Manut wae sek wes apik. Awakmu ki sopo? Uwes…. Ojo kemaki, ojo mbagusi tur yo ojo nyolongi.

Uwes-uwes… dilereni, lerenono…

Uwes…. Saiki ojo plendas-plendus, tancep keyakinan neng atimu. Urip urup gawe apike liyane, gawe senenge liyane lan gawe tentreme liyane. Mugi kalastantonaken.

 


Yuk Viralkan

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *