5 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat, Padat dan Jelas!

by -3335 Views
Yuk Viralkan

Contoh Pidato Bahasa Jawa
Pixabay.com

JOGJA POST – Pidato merupakan salah satu materi yang pernah kita dapatkan sejak duduk di bangku sekolah. Berbicara soal pidato, tentu kita sudah mengenal apa itu pidato bahasa Jawa atau lebih dikenal dengan Sesarah Bahasa Jawa.

Sebelum bisa mengucapkan kata-kata pidato dengan baik, kemahiran bahasa tentu harus kita kuasai. Terlebih jika bahasa jawa kita tersaji dengan baik dan benar. Pidato bahasa Jawa yang baik dan benar bisa memberikan kesan positif bagi sang pendengar. Kemampuan berpidato bahasa Jawa di depan orang banyak tentu akan membantu Anda.

Dalam berbagai acara baik acara perpisahan sekolah, pernikahan, peringatan kemerdekaan, peringatan hari besar keagamaan dan masih banyak acara formal lainnya, menyambut para tamu dengan berpidato adalah bagian yang sangat penting dan tak boleh terlupakan. Namun sebelum membuat konsep pidato, sebaiknya kita buat kerangka atau susunan pidatonya terlebih dahulu.

Secara umum, kerangka atau susunan teks pidato terdiri dari pembukaan dan salam pembuka, pendahuluan yang membahas tentang sedikit isi pidato, isi ceramah atau materi teks pidato seputar tujuan, rencana, langkah, dsb, dan bagian penutup yang berisi kesimpulan, pesan, harapan dan salam penutup.

Sementara itu, kerangka pidato Bahasa Jawa juga tidak jauh berbeda dengan kerangka pidato pada umumnya. Dalam bahasa jawa kerangka pidato dikenal dengan istilah:

1. Salam pembuka (uwak uluk salam
2. Purwaka basa, isine:
– atur pakurmatan
– atur puja puji
3. Surasa basa, isine:
– wedharan sawetara
– wosing gati, wigathining perlu
4. Pangarep-arep
5. Wasana basa, isine nyuwun pangapura
6. Salam panutup

5 Contoh Pidato Bahasa Jawa

Dibawah ini contoh teks pidato singkat Bahasa Jawa yang bisa Anda gunakan di berbagai acara formal.

1. Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan

Pidato Bahasa Jawa tentang Pendidikan
Pixabay.com

Assalamu’alaikum Warrohmatullahi Wabarokatu

Hadrotul Mukaromin ingkang kula hormati Bapak Kepala sekolah SMK Negeri 1 Yogyakarta, para Bapak lan Ibu guru ingkang kula taati, ugi mboten kesupen kangge para siswa-siswi sedaya ingkang kula banggaaken.

Alhamdulillahirobil’alamin, puji syukur kul haturaken dumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wata’ala atas pinten-pinten karunia ingkang sampun dipun paringaken dumateng kula lan panjenengan sedaya.

Sholawat saha salam mugi tetap wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW. Nabi ingkang paling mulya lan sempurna akhlakipun ingkang saget kito dadosaken conto lan panutan ngantis ing akhiruzzaman.

Para Bapak para Ibu Ingkang kawla hormati,

Ing wekdal sak menika kita sedaya saget bermuwajahah ing dalem acara memperingati Hari Pendidikan Nasional ingkang tepatipun setiap tanggal 2 Mei. Kita sedaya tamtu tasih emut kaliyan Bapak Pendidikan inggih punika Ki Hajar Dewantara, ingkang ageng jasanipun tumrap pendidikan ing tanah Indonesia. Salah satunggalpunika, beliau ngadegaken sekolah Taman Siswa.

Nalika jaman penjajahan, para pahlawan kita sampun berjuang ngelawan penjajah. Sakniki, kita sebagai generasi penerus kedah nglawan kebodohan, pornografi, utawi narkoba, ingkang saget ngrusak moral lan mbebayani tumrap kamajeng pendidikan. Kita sedaya kedah sageh ngregani jasa para pahlawan kanthi cara ing mulya.

Yaiku, kita sebagai pelajar kedah sinau ingkang sregep, saget nambah kawruh, ningkatake iman lan taqwa, lan merangi napa sing saget ngrusak moral kita sebagai generasi mudha bangsa Indonesia. Monggo ing dino peringatan Hari Pendidikan Nasional punika, kita sedaya sareng-sareng memerangi kebodohan mugi saget nglajengaken perjuanganipun para pahlawan kange bangsa lan negara.

Junjungan kita nabi Muhammad SAW sampun dawuh “pados ilmu punika fardlu tumerep saben tiang Islam jaler lan estri. Kanthi wontenipun hadist Nabi menika sampun jelas bilih kita sedaya wajib pados ilmu.

Bahkan, saking pentingipun ilmu niku, tiyang punika dipun jamin kaliyan Allah. Kanjeng Nabi inggih sampun dawuh “sapa sing wonge nambah dalan tumuju nggolek ilmu, Allah bakalan nambahaken dalan wong niku tumuju marang swargo.”

Para rawuh ingkang minulya!

Sebagai atur kulo ingkang terakhir, monggo kita samiho ningkatake perjuangan melalui jalan pendidikan. Sami ugi melalui jiwa raga, pemikiran utawi ilmu supoyo para generasi mudha Indonesia dados generasi mudha ingkang cerdas, saha, tangkas lan berbudi pekerti luhur. Allahuma Amiin.

Para hadirin ingkang berbahagia,

Lintu saking niku kula berharap acara ing dalu niki bermanfaat dumanteng kita sedaya. Mugi acara niki saget nambahi ilmu lan pengetahuan kita tentang perjuangan para pahlawan utawi saget ningkataken kesadaran kita marang pentingipun mahos pendidikan.

Para Bapak lan para Ibu sederek sedaya ingkang berbahagia,

Kinten namung niku ingkang saget kula haturaken. Mugi keterangan ingkang kedik niki saget mbikak kesadaran manah kita sahingga anggenipun ngelampahi gesang kita terus berusahan dados tiyang ingkang cerdas lan sahe. Cekap semanten atur kawulo. Sedoyo kalepatan nyuwun pangapura.

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatu.

2. Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan

Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan
Pixabay.com

Ingkang kinurmatan poro alim ingkang tansah kita taati saha kita mulyaaken.

Dumateng para pejabat kelurahan, RT, RW lan perangkat desa ingkang kawulo hormati.
Hadirin wal hadirot kakung sumowo putri ingkang berbahagia.
Rencang-rencang remaja lan adik-adik samudayanipun ingkang tansah kita tresnani.

Para rawuh ingkang winulya,

Wonten ing kesempatan puniko, monggo kita sareng-sareng ngunjukaken syukur dateng Allah SWT., ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dating kita sedaya sahingga ing dalu punika kita saget makempal kanthi mboten wonten halangan satunggal punapa.

Ugi mboten kasupen, Sholawat saha salam mugi tetep katur dating junjungan Nabi Muhammad SAW. Mugi kulo lan panjenengan sedaya saget mbenjang wonten ing yaumil qiamah tansah pinaringan syafaat. Amin ya Rabbal’ alamin.

Ugi kula atas namanipun panitia penyelenggara kerja bakti ngaturaken agunging panuwun dating Bapak Camat ingkang sampun kersa maringi idzin ngawontenake peringatan punika. Mboten kasupen para Bapak, Ibu saha remaja ingkang kersa mbantu kanthi iklas tanpa pamrih.

Para Bapak, poro Ibu lan sedoyo ingkang terhormat,

Kita perlu mangertos bilih ng wonten mriki kulo badhe nyampekaken pidato ingkang judul “Menjaga Kebersihanipun Lingkungan Masyarakat Kita”. Kita kedah mangertos bilih kita sakniki urip ing wonten alam dunyo lan kita sampun diparingi akal sehat dening Allah. Mboten kirangan, kita nggeh dipun paring dining Allah wujud awak, rupo, jasmani lan rohani kanthi sak sae-saenipun.

Lintune niku, njaga kebersihan lingkungan taseh dados tanggungjawab kita sedoyo. Amargi nopo ? Sakniki kathah bencana sing disebabaken kerono manungso kurang njogo kebersihan lingkungan. Rosulullah SAW sampun dawuh “Kebersihan Sebagian Dari Iman”.

Kesimpulanipun, sinten kemawon saget njogo kebersihan diri lan lingkungan diun saget njogo sebagian iman kita. Kebersihan niku cerminan iman kita. Urusan dunyo mboten cukup soal nggolek ilmu, ngolek rezeki, ndirikaken ibadah namun dipun saget njaga lingkungan inggih punika saget resik, bebas saking penyakit lan lintunipun.

Hadirin sedoyo ingkan rawuh,

Njaga kebersihan niku sepele nanging manfaate gede sanget. Monggo kita sedoyo warga lingkungan Kelurahan Nurmanan, sareng-sareng anggenipun saget gotong royong njaga lingkungan supados resik lan bebas penyakit.

Mila kanthi peringatan kerja bakti punika kawula ngajak dating para rawuh. Monggo kita sareng-sareng gotong royong ing lingkungan mriki saha meningkataken kebersihan ingkang saget dados cikal bakal lingkungan sehat bebas penyakit.

Mekaten atur kawula, mbok bilih wonten kalepatan nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

3. Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan

Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan
Pixabay.com

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Sekolah SMK N 1 Yogyakarta,
Poro mulyo bapak/ibu guru ingkang tansah paringi nasihat lan wejangan,
Poro alumni, Wali murid lan poro tamu undangan ingkang berbahagia.

Alhamdulillahirobbil’alamin, sedanten puja lan puji syukur kehadirat Allah SWT ingkang sampun paring karunia nikmat lan taufiq dumateng kula lan panjenengan sami sahingga ing wekdal menika kita sedaya saget dateng ing dalem acara Akhirussanah SMK Negeri 1 Surabaya kanti kawonten suasana ingkang cerah lan meriah. Kulo pribadi ngarepaken mugi-mugi pertemuan kito meniko dadoso pertemuan ingkang manfaat.

Poro bapak lan ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati,

Atas nama wakil sedoyo panitia penyelenggara kegiatan Akhirussanah SMK Negeri 1 Surabaya periode 2017/2018, kulo ngucapaken sugeng rawuh dumateng para undangan ingkang kersa hadir ngerawuhi undangan panitia.

Hadirin ingkan kawulo muliaake,

Panjenganengan wajib syukur dumateng ngarsanipun Allah amergi sampun paring nikmat kelulusan dumateng putra-putri panjenengan. Sak meniko tangisan cinta estu susah amergi wekdal tigang taun niku namung ditentokaken wonten ing ujian Nasional. Pramila estu kelulusan minangka karunia nikmat ageng ingkang kita syukuri.

Hadirin, setunggal hal ingkang perlu kita sadari beleh pados ilmu niku hukumipun wajib. Wajib kangge lare-lare alit lan wajib kanggene kita saking sampun dewasa. Wonten ing pepatah dawuh “Nggolek o ilmu nganti teko negeri Chino”. Pepatah menika nedahaken beleh pados ilmu niko wajib seumur hidup mesio kita ngolek nganti negeri Chino.

Saklajengipun, kulo haturaken sembah nuwun dumateng sedaya pihak ingkang tumut mbantu nyuksesaken acara niki. Mboten kesupen, wonten acara puncak niki mangke badhe dipun isi kalayan pengukuhan siswa-siswi ingkang dinyataaken lulus sangking Ujian Nasional.

Lintu saking niku, panitia ugi menika ngundang pembicara supados mangke saget maringi tausiyah bab pendidikan lan masalahe. Hal meniko dipun maksudaken supados kito mangertasi kados pundi pentinge masalah pendidikan kangge manungso.

Poro tamu undangan ingkang kulo hormati,

Saklajengipun, panitia sampun berusaha sekuat tenaga mencurahkan sedoyo fikiran lan tenaga supados acara haflah akhirussanah ing saat puniko terlaksana kanthi sak sahe-sahenipun.

Mekaten ingkang saget kulo haturaken minangka wakil sangking panitia. Awal ngantos akhir anggenipun kulo maringi sambutan, bokbilih wonten kekhilafan kulo nyuwun angungipun pangapunten. Mekaten lan kulo akhiri, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

4. Pidato Bahasa Jawa tentang Kemerdekaan

Pidato Bahasa Jawa tentang Kemerdekaan
Pixabay.com

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatu

Para sesepuh, pinisepuh, para tokoh agama lan tokoh masyarakat ingkang kawulo muliaken. Para pejabat pemerintah desa, utaminipun Bapak Kepala Desa, Bapak RT saha perangkatipun ingkang kawulo hormati. Para undangan, Ibu-ibu lan Bapak-bapak, hadirin wal hadirat ingkang dipun muliaaken deneng Allah SWT.

Wonten ing wekdal ingkang barakah puniko, mangga kito sareng-sareng ngujukaken raos syukur wonten ing ngrasanipun Allah SWT ingkang sampun maringi taufiq lan hidayah dumateng kita sedoyo. Sehingga kita sedaya saget sareng-sareng ngawontenaken peringatan Hari Kemerdakaan Indonesia ing taun ke-73 niki.

Shalawat ugi salam mugi tetep kahaturaken dumateng ngarsa dalem Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansa nyelametaken kita sami saking jaman jahiliyah tumuju marang jaman ingkang penuh berkah.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati,

Saben taun, kita kados sampun mangertos bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945 niku dino sing paling ditunggu kalian para pejuang lan pahlawan kito. Amargi ing dinte meniko seluruh bangsa Indonesia mbyiyawaraaken kamardhikan. Tepat ing tanggal meniko, para pemimpin bangsa kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia.

Menawi kito maos buku sejarah kebangsaan utawi kito asring midhanget crito simbah kito, awit bumi nusantoro kito sugih amargi hasil tambang, rempah utawi samudro ingkang katah ngasilaken mino. Inggih meniko bongso Walondo, Jepan lan negoro liyo sami njajah Indonesia.

Alhamdulillah, awit saking rahmat lan anugrah Allah, perjuangan bangsa Indonesia saget terwujud. Naliko, ing tanggal 17 Agustus 1945, Bung Karno lan Bung Hatta sampun memproklamiraken kemerdhikaan.

Sakniki, tugas kito sebagai generasi mudha inggih meniko ngisi kemardhikaan puniko damel pamarintahan ingkang sae, saget mbangun bangsa nganti guyup rukun, makmur sedoyo lan saget memberantas kebodhonan supoyo generasi penerus kita saget berjaya khanti sak teruse.

Ingkang terakhir, keranten sanget pentingipun acara meniko, pramilo kulo suwon sedoyo poro rawuh, Bapak, ibu lan poro tamu undangan kersoho nderekaken lan midhangetaken ngantos sak paripurnaning acara ing dhinten puniko.

Sedoyo poro rawuh ingkang kauwolo hormati,

Namung mekaten ingkang saget kulo aturaken. Mugi-mugi wonten manfaatipun dhumateng kula lan panjenenganipun sami. Mbokbilih wonten kirangi, mawantu-wantu kula nyuwun angenging samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita sedaya tansah pikantuk ramhat lan hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuaasa. Allahuma Amin.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

5. Pidato Bahasa Jawa tentang Sumpah Pemuda

Pidato Bahasa Jawa tentang Sumpah Pemuda
Pixabay.com

Assalamualaikum Wr. Wb

Dumateng para bapak lan ibu guru ingkang kawula hormati lan taati saha para kanca ingkang tansah kula tresnani.

Puji lan syukur mangga kita haturaken dumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring nikmat iman lan rahmat sahingga kita sedoyo saget golek ilmu yaiku nindakaken sekolah, saget tetep ngelampahi perintahipun agami lan kedah sanggup raos ingkang bade nyambut Hari Sumpah Pemuda.

Kulo lan panjenengan mesti sampun mangertos bilih dinten Sumpah Pemuda niku diperingataken tiap tanggal 28 Oktober. Isi sumpah pemuda inggih meniko:

1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu bangsa Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu tanah air Indonesia
3. Kamu putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan bahasa Indonesia

Isi Sumpah Pemuda menika wajib kita amalaken supaya cita-cita lan pangarepe bangsa Indonesia saget terwujun dados bangsa ingkang makmur, adil lan sejahtera. Minagka pelajar, kita wajib mempeng sinau. Mingangka pemuda kita kedah dados pemuda ingkang sregep damel junjung tinggi pembangunan bangsa.

Poro rawuh ingkang kulo hormati, njunjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda niku taseh tanggungjawab kito sedoyo. Pramila menika, kita sedoyo kedah sadar sing bisa ndadekaken bangsa Indonesia maju salah sawijine yaiku wontene peran pemuda. Monggo kito sareng-sareng berjuang nuntut ilmu kagem masa depan ingkang cerah.

Poro bapak, poro ibu lan sedayanipun, kinten ipun cepak semanten anggen kulo matur. Kirang langsung kulo nyuwun agung ipun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikian beberapa contoh pidato bahasa jawa singkat yang bisa Anda jadikan sebagai referensi dan tambahan ilmu. Semoga bermanfaat.


Yuk Viralkan

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *