Pitekku Kerep Melbu Omah

by -1104 Views
Yuk Viralkan

Pitekku Kerep Melbu Omah

Sek tak reteni, opo sing tak pikirke elek, urung tentu elek. Malah sewalike, iso dadi kui pitulungan. Aku dadi sadar, opo wae sing tak omongke kudu tak atur, kudu tak pikirke sek. Ojo ngasi, aku ngemut iduku dewe jalaran aku ngritik tur aku dewe malah nglakoni. Nek perlu, aku mung meneng nganti perkoro iku ambyar ngeblur ilang dewe-dewe.

Saben esuk atiku raono enteke nggrundel. Makku (ramak) wes tak kandani bola-bali ojo ngingu pitek ndak ngregeti omah. Wes koyo adate, mesti malah dibaleni. Walah, yen disawang, omahku kebak telek lan kebak pitek sabendinane. Ngasi wegah aku ngelekke maneh.

Pitek Lan Wong Jowo

Saktemene, yen wong Jowo wes nglakoni opo wae seng dadi karepe, wong liyo ora bakal bisa mbatalake. Koyo dene ngingu pitek, makani pitek ki yo sakjane marakke seneng. Aku kelingan banget jaman semono, nek makani pitek, babone duwe anak 10 dho ngruyuk beras sek tak sebar-sebarke.

Tur, nek keciwo yo pancen nggegirisi. Lha wong anak pitik 10 kok sek iso slamet dadi gedhe mung 2 pho telu. Opo maneh yen wayahe flu burung wingi, malah pitike dho mati mendadak. Wingi sehat waras lan giras kok sorene ujug-ujug nggletak.

Pithek kanggo wong Jowo dudu mung sekedar pitek. Pitek masuk ingon-ingon sek nek didol larang payune. Sak babon kae, iso nganti 70-120 ewu. Opo maneh yen pitike jago, soyo gede nyelot larang.

Wong Jawa lali jawane pancen enek benere. Kadang aku sadar nek wes tak pikirke tenan. Tak amati siji-siji, kabeh tak penthelengi. Awale raenek pitek kok ujug-ujug piteke akeh. Oalah-oalah, jebul ramak ngingu pitek nggo ngrabekke aku.

 

Pancen leres sabdanipun Kanjeng Nabi, menawa mboten saged ngendika ingkang sae, mending mendel.


Yuk Viralkan

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *