,

Babagan Lengkap – Sumur Miturut Wong Jowo

oleh -253 views

sumur miturut wong jowo

Saking judhul teng inggil ngghadahi pengertosan miturut tiyang kathah nggeh niku, papan damel padosan toya. Benten kaliyan Jawi ingkang anggadah falsafah khusus, menopo mawon kang kelebet perkaosipun? Wonten artikel niki badhe nerangaken sumur miturut wong Jowo.

Artos Sumur Miturut wong Jowo

Toya dados perkaos ingkang utami damel keslametan sedoyo makhluk gusti wonten alam donya, sementen ugi kaliyan manungso. Kathah ingkang saget dipun lampahi supados angsal babagan niku, dipun wiwiti jawah, saking arga, lepen, utawi seghara.

Nanging damel ingkang wonten lebete lemah, tiyang mbetahne sumur minangka tilam supados toya saget dipun pendhet. Nggadahi arupi bunder, kalian bolongan piranti kangge ngukur 1 ngantos 1,5 meter lan peningalan celak tebihing sumber.

Biasanipun sumur tepak celak kaliyan griya, supados ngenthengake damel butuhan sabendinten, kados masak, lan sak lintunipun. Ing kabudayan Jawi, sumur wonten falsafah kalih artosipun piyambak, nggeh meniko:

  1. Pitados Babakan Sumur

Saking dongeng Murwakala, sumur miturut wong Jowo wonten ingkang nungguni kaliyan lelembut aran Bala Kekalan. Rikala Ki Sapujagat mbersihaken sedaya pendhereke Bathara Kala, nginep kalih kang taksih kentun nggeh meniko Lumut lan Lumur.

Kala lumur manggon wonten pawonan, lekne lumut mapan datheng sumur, wujudipun mboten anggadhai balungan namung daging dipun tutupi kulit. Tiyang Jawi kuno percados lekne teng lebetipun wonten lelembut kang mboten cetho utawi wewatekan kang ala.

Amargi saking niku tiyang sepah riyen mboten marengi lekne yogane dolanan wonten sakubetane sumur, supados mrantasi gangguan kala lumut miturut pituture Ki Sapujagat. Sementen ugi, ingkang dados jalaran mantenan mesti dipun paringi sesajen kagem ngormati lan caosane lelembut kasebat.

  1. Sumur Kagem Nudhuhake Pepadha

Tiyang Jawi dipun ngertosi minangka masyarakat grapyak ingkang njunjung bebarengan maring surak gotong royong. Ngunjungi pepadha celak griyane sampun dados pakulinan sebendinten. Biasane njagong lan nglempak sareng-sareng.

Saking watak meniko, tiyang Jawi biasanipun lekne gadhah punopoke mawon mesti awean maring pepadhane. Mboten namung babagan panganan utawi lintune, namun masyarakat riyen rikala gadhah sumur mboten didamel piyambakane, nanging kagem griya pepadhane, supados tulung-tinulung.

Babagan menika, ditingali saking papan sumberipun, ingkang wonten ngajeng. Setunggal sumur saget didamel ngantos tigo utawi sekawan griya. Amergi tiyang Jawi marem menawi nglampahi punopo mawon dipun wiwiti kaliyan surak gotong-royong banjur dipungkasi kalih bebarengan.

  1. Sumur Mboten Asal Dipun Tutup

Miturut tiyang sepah Jawi rumiyen, sumur mboten angsal dipun tutup inggile kanthi tujuan punopo kemawon, amergi miturut pitados riyen masyarakat ingkang nguruk perkaos sami mawon nutupi sumber rejekine piyambak kasebat.

Babagan meniko miturut amergi setunggal sumur riyen damel katah tiyang, menawi niku ingkang aran nutup rejeki. Amergi sampun maringi roso sekeco lan marem marang lintune, mboten asal diuruk. Senadyan mpun arang didamel, lekne rumiyen kasebat “ndak ilok”.

Babagan niku saget dipun pirsani piyambak saking kathahe sumur-sumur sepuh kang mboten nate didamel lan keramut, nanging dipun jaraken mbukak kaliyan tiyang ingkang nggadahi. Biasanipun ngantos nutup piyambak.

  1. Ritual Ing Dalem Pendamelan Sumur

Senadyan mpun jelas lekne lemah dipun dhuduk bakal dados sumur, nanging tiyang Jawi mboten langsung damel ngoten mawon. Wonten pitungan lan dipun cocokaken kaliyan papane griya, kersane saget dimanfaataken kanthi saksae-saene.

Biasanipun, tiyang Jawi ngundang pawang sumur supados diparingi gamblang babagan lokasi ingkang pas. Miturut primbon lan dingiridi ritual kuno supados lancar, mboten wonten alangan setunggal punopo. Lokasinipun celak kaliyan pawon damel ngenthengake pedamelan.

Lekne, miturut teori sakniki menawi supados tindhak kagem nyilikaken kemungkinan kedadeyan kesebute geni. Biasanipun diwontene selametan, utawi maringi pepadhane caosan dipun barengi dedonga kersane barokah kalih lancar.

  1. Primbon Babagan Sumur

Miturut tiyang Jawi, primbon aran saking kitab ingkang mutusaken punopoke mawon tindhak tandhuking manungso ing dalem nglampahi urip. Nggadahi sesambetan ing jagad kados pituduh saking paraning angin, jangkepipun dinten utawi mangsane.

Ing dalem primbon tiyang Jawi mutusaken pendamelan sumur gumantung saking adhepe griya. Lekne ngadhep ngaler brarti sumurane wonten pojok tengen, minangka ngidul teng poncot kiwa, menawi ngilen sesandingan griya wingking, ngetan niku mepet kalih ngajeng.

Cara Ngeduk Sumur Tradisional

Tiyang Jawi riyen ndamel sumur, kanthi cara tradisional nggeh niku ngeduk lemah, saklintune ngoten wonten mesin bor. Ing model kuno wonten pirang-pirang perkaos ingkang kedah dilampahi, nggeh meniko banjur diterangaken teng ngandhap.

Ingkang sepisan nentukake papan sumur. Tiyang mbetahne pawang, biasanipun damel kayu utawi sodo kalih ingkang dipun raketke pucuk setunggale, dipun jembreng teng sisih bangkekan, banjur mlampah kaliyan mirsani raketanipun, lekne uwal berarti ing dalem lemah ngandhape wonten toya.

Sak sampune dipun tentukaken papan, banjur lemahne dikeduk kaliyan tiyang ngagem alat pacul, linggis, cetok kalih ember, ambhaning budher 80-120 sentimeter. Sak lebete ngandhap ngantos mirsani sumber toya sampun nggeneng dugi setunggal asta sakinggile.

Parkaos kentun piyambak nggeh niku masangi ali-ali sumur teng inggile lemah, kaliyan mbata wonten ngandhape. Banjur mpun dados dipun pasangi kerekan, nanging mboten saget langsung didamel ingkang sae dijaraken tigo ngantos gangsal dinten, kersane toyanipun cetha.

Bejane Nggadhahi Sumur

Sumur nggadahi kebejananan damel piyambakane. Salah sawijine inggeh meniko ngenthengake margi wonten toya. Sepados sekeco nindhaki pendamelan babagan sabendintenipun tiyang. Miwiti perkaos wijikan, ngantos umbah-umbah ageman lan saklintunipun.

Saklintune nindakaken kagem piyambakane sementen ugi damel lingkungan kaliyan tiyang lintune. Saget ngraketaken sesambetan ing dalem masyarakat. Kelawan surak gotong royong kaliyan bebarengane miturut tradisi tiyang sepah Jawi saking mangsa rumiyen.

Paedah lintune ingkang saget dipun raosi kelawan piyambakan, nggeh meniko saget dipun tingali kaliyan celake papan sumur maring pawonane griyo. Menawi sampun sami sumerep nopo tegesipun, ngenthengake perkewuh babagan caosan klebet unjukan kalih masak.

Kagem panjenengan ingkang tinggal dateng tanah Jowo, khususipun daerah istimewa Yogyakarta, sakmeniko sampun wonten ahli sumur bor Jogja ingkang saget mujudaken sumur impian kagem panjenengan sedanten. Langsung kemawon pinarak dateng website ipun jasa sumur bor Jogja.

Tandhane Aran Sumur Kang Sae Toyane

Perkaos sepindah ingkang saget aran toya sae inggeh meniko saking cethanipun. Yen mboten ngoten tegese ala, tetengere rupine soklat lan buthek mari ngoten ngendut. Kedhadeyane amargi mangsa bedidih pipisan lempung, utawi minangka garing sampun kengandhapen.

Ingkang kepindo inggeh meniko saking rupi toyane, minagka dipun buwangi dhom wujude mboten sagit ditingali malih keng inggil. Bisanipun arane ala nggadahi pita wonten saklebete. Babagan meniko saget didamel pathokan garbane perkaos niku.

Kang paling kentun piyambak saking raose toya saget damel tandha. Ingkang aran sae anggadahi kraosan tawa sakmeniko dipun unjuk, sewalike lintune tegese ala. Babagan niku amergi mboten ngamut perkaos nyababi bebayan kasebat wonten saksampunipun dilebetke awak ira.

Semonten mawon babagan sumur miturut wong Jowo. Toya lan griya kalih perkaos kang mboten saget dipun pisahake saking sabendintene tiyang urip wonten donya. Miturut kabudayan wonten aturan-aturan kaliyan pitados ingkang kedah dipun ngormati amergi sampun dados tradisi.

Tinggal di Daerah Istimewa Yogyakarta Zamhari

Gambar Gravatar
  Tinggal di Daerah Istimewa Yogyakarta

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *